0

pidato bahasa jawa



PIDATO BAHASA JAWA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ibu Kepala SMP Negeri 9 Surakarta ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru dalah Karyawan, Karyawati SMP Negeri 9 ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi SMP Negeri 9 Surakarta ingkang kula tresnani.
Sumengga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Pendidikan Nasional samangke punika.
Saderek-saderek sedanten…
Miturut pemanggih kula, kula raosaken akhir-akhir menika kathah warga ingkang kirang menghargai negeri nasionalisme inggih punika negeri “tercinta” Indonesia. Hal punika saget ngrisauken menawi diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius.
Wonten zaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Menika disebabaken kathah kawula mudha ingkang ngelalekaken jati dirinipun dados warga Indonesia sebabipun para kawula mudha luwih condong marang pergaulan utawi budaya-budaya Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupa: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah warga luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken reganipun langkung mirah lan kualitasipun langkung sae ….
Saderek-saderek sebangsa lan setanah air ….
Masalah-masalah menika saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air, menika salah sawijine cara inggih punika mundhut barang-barang produk Indonesia, menghormati jasanipun para Pahlawan lan para Pejuang, tindak dhateng museum-museum Nasional utawi monument-monumen perjuangan.
Kula raos menika ingkang saget kula sampekaken. Mugi-mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguwataken rasa Nasionalisame kita sedanten.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
Wassalammu’alaikum Wr. Wb.

0 Kritik:

Posting Komentar

About Us

Total Pageviews

Blogger news

always!

Free Music Online
Free Music Online

free music at divine-music.info

Poll

Diberdayakan oleh Blogger.

Popular Posts

Back to Top